Isuk, sore, awan, bengi rek~
Bar entuk approve soko konco seng duwe cerito ge posting cerito tentang de'e, piye coba atiku kate gak sumringah!
Koncoku iki lanang, jeneng'e Mr D. Bocah'e lucu, lucu sembarang kalir'e... nilai kuliah'e yo lucu pisan xD~ sek... lupakan omongan tentang nilai kuliah..
Balik nang cerito ori-ne tentang De'e karo barang seng ngatut'i de'e..
Aku iso weruh tekan endi kok onok barang seng ngikuti de'e?
Mergane ono koncoku seng iso liat barang alus, yo iku menurut pengakuane dia sih... Tapi opo seng di omong koncoku iki nang aku, 80% tepak kalo kaitane barang alus.
Konco iki celuk'en wae S.. Sopo iki? mbak Sari...? Guduk.. Bedo uwong guys... De'e iki biasa di celuk Shin karo konco-konco'e dan mari kita gunakan inisial S gawe nyeluk bocah iki.
Malam jumat ingetku, aku karo konco-konco keamanan acara kejepangan salah siji univ negri nang suroboyo, jogo bengi nang fakultas, dan kami lagi cangkruk nang ngarep parkiran. Sembari njogoi speda motor para panitia yang lagi nginep gawe nyiapno acara menene, jam 9 bengi kalo aku gak salah recall, arek-arek mutusne gawe mulai cerito horror.
Wes aku iki gocik, arek-arek yo malah podo njarak. Dimulai soko sopo aku ra inget. cumae si S iki ngamuk-ngamuk gara-gara ono salah siji panitia acara seng ngeculne parewangane de'e...
Menurut omongane S, iku macan putih... Muter-muter mubengi awak'e S, ngelu dan nggarai linglung.. si S ngamuk-ngamuk nang konco cedek'e, ngomong nggawe suara banter gawe narik parewangane konco'e iki cek gak sak karep'e dewe mlider-mlider ngeganggu sekitar.
Mari peristiwa iku, kumpullah 4 lanang + S, dadi ne wong 5. wong iki sebuten ae H, D, R, S, P. salah sijine nang kono aku rek xD
Obrolan'e kami pas iku kayak ngene,
H : "Emange aku iki ono seng melui a?" takok karo excited
S : Kok iso mikir ngono?
H : Gelek aku ketok-ketok'en kalo ngendon nang kampus nganti bengi.
P : Loh, gitu itu ada ta? beneran ada ta?
S : Yo percoyo monggo, gak yo monggo.
R : Kalo aku iki ya'opo bang? onok seng ngikuti a?
S : Yo, R onok, tapi yo ge opo kok malah gelem-geleman dan pingin-pinginan di ikuti barang ngono?
D : Biar kelihatan keren!
S : Iyo D, iku aku ate takok beberapa hal nang awakmu nget beberapa hari iki..
D : Opo bang S?
S : Kon mari lapo kok yang ngatuti awakmu iki bentuk'ane gak rupo menungso??
D : Ha? la kok serem... sek, jangan-jangan iki asline keren, ceritakan!!
S : Wkwkwkwk, kon iki yo aneh-aneh wae, beberapa hari lalu aku ketokan onok tangan ngrangkul awakmu, pas tak puteri mengguri ternyata bagian mburine gak onok awak'e..
D : loh, cuma kelihatan separuh? keren dong!
S : Guduk, luweh koyok korban kecelakaan, awak'e ilang separuh...
R, D, H : ......
P : Sek ta... gitu itu beneran ada ta?
S : Come on, percoyo monggo ogak yo monggo, beneran ada ta nggak iku mbalik nang tiap uwong dewe-dewe...
D : Sek! ndak mau aku! aku maune yang ada sayap satu satunya sayapnya patah! yang keren gitu! kayak di game-game!.
H : Wahahaha! kakehan nonton video game kon D!
S : Ada, tapi korban kecelakaan lagi, bagian belakannya kebaret sampek kulitnya sobek sebelah,... sek kayak sayap loh..
D : Moooohhh!!! opoooo ;_; kok korban kecelakaan kabeh...
S : La iku seng nate tak takokno, knaopo yg mbarengi awakmu iki gelek ganti tapi katutane mesti korban kecelakaan?
Obrolan nglanjut klenikan terus nganti jam 11 bengi, sak gurung mandek ngobrol si S iki muk ndangak liatin ke arah atas... Koncoku H yo mulai merinding ngeliatin arah belakange de'e. Si S nyaranne nang awak-awak ge mandek ngobrolin barang-barang sangar iki dan balik nang pos'e masing-masing, lagian yo wes wayahe aku mulih dadi aku ya pamit nang konco-konco ge ate balik.
Kisaran telung dino (3 hari), aku gumbul-gumbul karo bocah-bocah maneh, melekan maneh.. Koncoku siji namae E, biasa ngomongin hal-hal mistis karo aku, tak kandani obrolan beberapa hari lalu pas melekan jogo parkiran, gak suwi D teko. Mergo penasaran, aku langsung takok nang D, "Sepurane sak gurunge, penasaran iki aku karo omongane S. Emange awakmu iki ono relasi atau keluarga yang idek banget karo awakmu dan meninggale kecelakaan ta?"
si D muk meneng sak gurung mbrebes mili karo cerito. Jare bocah'e ono kakak kandunge yang meninggal kecelakaan, dan problem seng ngatut nang atine iku mergo si D iki nyalahno dirine dewe gawe gak onok'e mas'e...
Atiku loro pisan, atek mlete-mlete takok dan nge-up obrolan kek ngene nang bocah seng mendem perasaan loro. Ngerti iki guduk urusanku kudune nget awal aku gak usah ngobrolno bahasan ngenean nang wong seng bersangkutan.
Aku njuk sepuro maneh nang awakmu yo D kalo obrolanku pas iku nglorokno atimu :'')
Pelajaran seng tak oleh kali iki, sopo wae manungso seng urip, nggawe tingkah lucu dan iso masang wajah sumringah bendino, bukan berarti urip'e lan ati ne se sumringah opo seng di ketokno nang wong lain. Simple tapi jeru, saking simple'e nganti sering lali hal-hal cilik iso nglorokne atine uwong nang sekitar'e awak dewe.
Wassalam, wes wayah ge ndungo njuk sepuro nang gusti pangeran, suwon wes mampir 'w')/
Selasa, 01 September 2015
Katutan Roso Seng di Pendem Ati.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)






0 komentar:
Posting Komentar