"Seneng jalaran soko kulino... iyo ta??"
Kalau menurut saya, bisa iya bisa nggak..Sek.. iki ngomongno cah wadon? nopo jaler? hohoho, bukan saudara-saudara...
Yang mau saya omongkan disini adalah tentang... katae wong tuwo barang alus...
"Cak, kulit'e pacarku yo alus...!!"
Guduk Lek, telapak tanganku ki yo alus loh, biasa ge nyeplak tembok... seng tak maksud nang kene iki barang gaib...
"Batu AKIK??!!"
Yo iku iso pisan tapi gung wayahe dibahas...Iki nang kene aku nggur cerito yo cah, gak niat ngopo-ngopo, mung nate cerito tentang opo seng tak krungu... bener nggak'e, mbalik ng pribadi masing-masing.. dadi, posisikno awakmu ki koyok lagi moco buku Dongeng ('_')d
** Ngerti soko cilik, pas Gedhe ditinggal, kangen...
Ono koncoku arane mbak... sebut saja namanya Sari...
Sari ki mulai cilik, menurut ceritone nang aku, gelek ditekani dan di ketok'i barang alus.. -iyo ta?- Yo embuh... wocoen sek guys!!
Awale gak pati seneng, lebih mlayu nang de'e gak ngerti dan gak iso mbedakno opo seng uwong karo seng wes guduk uwong.. sempet di jongkrokne soko ondo omahe, sempet di gudo dengan lawang kamare moro-moro mbukak tutup sak karep'e dewe, sempet pisan ono barang ngatut nyerupoi wong ayu, ngge klambi kek ratu mesir karo ngomong kalo namae makhluk iki mbak Emerald.
Awakmu percoyo, Le??
Aku percoyo kalo mbak Sari iki sering di ganggu barang gaib, tapi gawe mbak Em iki aku rodo bingung... Opo iki berarti mbak Sari mbujuk???
Ojo kesusu sek rek,.. Mbujuk nggak'e uwong iku kita gak ngerti, kalo kon iso nge-Judge wong mbujuk tanpa duwe bukti, antarane utekmu loro, kon iki sok keminter, atau kon
Option terakhir tak coret, mergone mustahil :v
Opo seng gung pernah kok rungu, kok delok, kok tau, belum tentu gak onok loh.. Istilah Wallahu a'lam iku maknae gedhe, kalo awakmu beragama, yo ra perlu tak jelasno neh, belajar dewe-dewe lah xD wong aku dewe yo ngaji gak teteh, mosok yo nate nge-Judge uwong sak enak'e udelku..
nah, kalo awakmu gak beragama, ilingo kalo onok Materi onok pisan seng arane Immateri, misal awakmu sek gak iso paham, buka Google sek kawan '_')/
Kalo gelem open mind barang dilut, ayo monggo nglanjutne ceritone :D
Dadi ngene.. mbak Sari ki pernah di ajak koncoan karo mbak Em, mergo ya wedi, akhire de'e nolak, tapi wujud'e mbak Em ki bedo karo makhluk liyane... ng njero atine mbak Sari, ono keraguan ge pingin koncoan barang sitik..
Nang ngendi wae di tut'i, pas nate turu yo di barengi.. 24/7 guys!!! pacarmu piye??!! ngono ra? :D
Yo arane biasa di barengi, ati luluh nuh... sopo seng ora coba, wong dapet perhatian lebih..
Tapi pas mbak Sari ki sadar, mbak Em ilang...
Nang endi?? mbuh ._____.
Pikire mbak Sari, mungkin iki salah satu hasil'e de'e nyuwon marang Gusti Pangeran...
Kalo kon kon iki podo ra ngerti sopo iku Gusti Pangeran, tak kandani rek, iku cara nyebut'e wong biyen ge nyebut Allah... mbahku gelek ndongeng nang aku ngge kata iku soale :D
Mbak Sari kadang tak takoni, "Mbak, sampean ngono iku sek kangen nang mbak Em??"
Jawabane rodo meragukan guys,... "Gak, biasa wae..." jare mbak Sari...
tapi raine ki ngomong kangen...
podo karo awakmu takok nang koncomu seng baru 2-3 bulanan di pegat karo bojo-ne (mbuh lapoan bocah saiki ngomong bojo, padahal ikrar urip bareng nyokong satu sama lain nang ngarep'e gusti Allah ae ugung...), "Co konco,.. kangen karo mantan??", di jawab "Ora,.." tapi raine njerit 「Iyoo brooo!!! Kangen aku!!!」. Bagiku,.. wajah'e mbak Sari pas iku kek ngono...
Wes yo bro... ngantuk aku .________. mene maneh cerito'e
nak aku gak males... = =
||'w')/ Suwon wes mampir!!






0 komentar:
Posting Komentar