Welcome to my blog, enjoy your time ^_^

Massaiyi in Halloween event Photosection

Welcome to my blog, enjoy your time ^_^

Ennedith in Onsen area, with new costume (yey ~(:v)~)

Welcome to my blog, enjoy your time ^_^

Astaroth in onsen with delicious watermelon and lil towel

Welcome to my blog, enjoy your time ^_^

Mana Ridge, with a man I forgot the name.

Minggu, 23 Agustus 2015

Watu ijo iku isine buto???

Watu ijo... kiromu opo rek?? .____.
Aku gak fokus nang akik sih... tapi kalo bayanganmu akik yo gak opo opo kudune...
Akeh akik warnae ijo x')

Watu ijo iku seng tak karep Zambrud...
Kalo jare wiki-ped.. Zambrud iki watu permata seng larang, warnae ijo, variasi ijone akeh, tapi umum'e bening.. dan jare atos.. se atos opo?? jare 7.5 skala mohr...
Jujur.. :') iku skala opo aku gak ngerti... ojok takok yo rek, cek aku gak ketok kalo bodho :'')
ndang googling dewe :'D~

Ono seng dodol watu akik (biasa) tapi di omong kalo watune iku watu zambrud asli..
Mampus iku dompet :'')
18jt ilang ge cincin kampret 1....


Dodolan seng ngenah toh yooo!! TAT
(Keinget adengan golek endog tembean 6, takok penjuale, ibuk tuwek, 'iku asli ora..' di jawab asli.. atek sumpah barang.. demi tuhan jare... gak nipu jare T_T dan aku di tipu... ibuk!!!! tak sebar paku pines nang nggonmu loh yooo!! *A*.. tapi sampek saiki yo gak tak sebar...)
Sepurane yo rek xD~ terbawa suasana = =''


Dadi mbalek nang point watu...
Bapak'e koncoku iki tuku watu ijo nang Makasar...
Tepat'e nang endi aku ra weruh..
Ceritone koncoku seh bapak'e iki emang dasare hobby nglumpukne watu-watu seng jare ne ono isine.. Opo maneh kalo watu mulia, jare kasiat'e luweh ndewo.. (mbuh opo = =)
Dikenalno konco kerjoe nang langganan watu tempat konco kerjoe iki gelek tuku, bapak'e koncoku, sebut saja om kumis =..=)v tuku siji watu seng regane 18 jt... Katae kasiat'e gawe nglancarno urusan kerjoan karo iso njogo kesehatan.

Wes arane hobby yo rek, :') podo kek aku seng hobby tuku wig,,.. Padahal yo ngerti wig gak iso di pangan, masio krisis duit kalo wes kadung ngesir yo nekat tuku seng endinge nganti bayaran wulan ngarep, menu panganan pindah nang sego siram kecap tabur kerupuk :)
Jare koncoku menu panganan akhir bulanku terlihat mewah :v

Mbalek watu maneh~
Pas mbalik omah, watu seng di tuku iki ceblok nang lantai... dan retak..
YES!! 7.5 Skala Mohr!!
Otomatis om kumis wiritan... Kabeh jeneng kewan di sebut.. Teko insect nganti Mammals..
All hail para kewan.. Mereka luweh populer timbang seng nggawe urip :D

Sebenere gak onok niat ngajari syirik pisan rek...
=___= aku gak onok niatan ngajari syirik loh yo...
Kalo kon moco iki trus melui opo seng ono ng kene sembarangan,.. Iku guduk aku ngajak syirik, tapi awakmu gak duwe kendali atas iman dan logikamu ._. Nganti nyalahno aku, tak sebar pines nang ngarep omahmu = =

Watu warna-warni iku emang apik, opo maneh seng regane larang TvT pasti apik...
Tapi jare, akeh seng ono isine pisan...
Jare mbah-ku... -Sebenere mbah ku iki sopo coba = =
  • Abang bening iku, ibarate pengasihan
  • Ijo bening iku, ibarate ge ekonomi karo kesetabilan kesehatan
  • Biru bening iku, ibarate ngademno pikiran
  • Kuning bening iku, jare gawe percoyo diri karo daya tarik.. abang pisan iso, tapi umum'e seng nggawe wedok..
  • Ireng bening iku, ibarat'e kalo kon minder.. iso nggowo PD dan sukses kerjoan
  • Putih bening iku, ibarat'e... Kesaktian..

Ono reno butek dan sembur.. Bedo pola yo jare bedo khasiat... Tapi ngono iku iyo ta gak aku dewe ra paham.. Ra pernah nyoba mergo eman duit T_T ...
Sego Siram Kecap Tabur Kerupuk... iso menu iku terus selama 4 tahun kalo tuku watu-watu ngono..
Yoh... iku kalo barang'e emang onok isine seh....
Tapi yo guys.. ge opo awak dewe nggantung ne ngenean kalo awakmu wes duwe Allah gawe tempat nyuwon sembarang kalir'e.. yoh iku muk penasaranku tok seh...

Dadi... asline iki mau aku nulis karo chating ama koncoku, jare "iku Zambrut opo Zamrut?", gak gelem isin tak jawab, "oh itu salah tulis dengan alasan kok... xD~", dan dengan indahnya koncoku iki ngasih jawaban menggemparkan... "oohhh xDD, Ben gak ganggu pasaran wkwkwkwk."...
Nang utek terlintas... males ngganti :')..
Dadi anggepen wae typo-ku iku sebagai alias dari Zamrud sendiri x''D ... All hail wong males!!

Dan maneh...
Hubungane Judul ki mau karo isine opo coba :''D
Atek nang awal aku ngomong guduk tentang Akik,...
Eh nganti mburi malah ngomong-no akik = =

=Ngelirik jam...=
Wes isuk ternyata rek :D wayahe turu... ndang turu wes xD~
/nyanyi lingsir wengi/
||'w')/ Suwon wes mampir!!

Apakah benar rasa Cinta tumbuh berdasarkan kebiasaan??


"Seneng jalaran soko kulino... iyo ta??"
Kalau menurut saya, bisa iya bisa nggak..
Sek.. iki ngomongno cah wadon? nopo jaler? hohoho, bukan saudara-saudara...
Yang mau saya omongkan disini adalah tentang... katae wong tuwo barang alus...


"Cak, kulit'e pacarku yo alus...!!"
Guduk Lek, telapak tanganku ki yo alus loh, biasa ge nyeplak tembok... seng tak maksud nang kene iki barang gaib...

"Batu AKIK??!!"
Yo iku iso pisan tapi gung wayahe dibahas...

Iki nang kene aku nggur cerito yo cah, gak niat ngopo-ngopo, mung nate cerito tentang opo seng tak krungu... bener nggak'e, mbalik ng pribadi masing-masing.. dadi, posisikno awakmu ki koyok lagi moco buku Dongeng ('_')d


** Ngerti soko cilik, pas Gedhe ditinggal, kangen...

Ono koncoku arane mbak... sebut saja namanya Sari...
Sari ki mulai cilik, menurut ceritone nang aku, gelek ditekani dan di ketok'i barang alus.. -iyo ta?- Yo embuh... wocoen sek guys!!

Awale gak pati seneng, lebih mlayu nang de'e gak ngerti dan gak iso mbedakno opo seng uwong karo seng wes guduk uwong.. sempet di jongkrokne soko ondo omahe, sempet di gudo dengan lawang kamare moro-moro mbukak tutup sak karep'e dewe, sempet pisan ono barang ngatut nyerupoi wong ayu, ngge klambi kek ratu mesir karo ngomong kalo namae makhluk iki mbak Emerald.
Awakmu percoyo, Le??
Aku percoyo kalo mbak Sari iki sering di ganggu barang gaib, tapi gawe mbak Em iki aku rodo bingung... Opo iki berarti mbak Sari mbujuk???
Ojo kesusu sek rek,.. Mbujuk nggak'e uwong iku kita gak ngerti, kalo kon iso nge-Judge wong mbujuk tanpa duwe bukti, antarane utekmu loro, kon iki sok keminter, atau kon Tuhan..
Option terakhir tak coret, mergone mustahil :v

Opo seng gung pernah kok rungu, kok delok, kok tau, belum tentu gak onok loh.. Istilah Wallahu a'lam iku maknae gedhe, kalo awakmu beragama, yo ra perlu tak jelasno neh, belajar dewe-dewe lah xD wong aku dewe yo ngaji gak teteh, mosok yo nate nge-Judge uwong sak enak'e udelku..
nah, kalo awakmu gak beragama, ilingo kalo onok Materi onok pisan seng arane Immateri, misal awakmu sek gak iso paham, buka Google sek kawan '_')/
Kalo gelem open mind barang dilut, ayo monggo nglanjutne ceritone :D

Dadi ngene.. mbak Sari ki pernah di ajak koncoan karo mbak Em, mergo ya wedi, akhire de'e nolak, tapi wujud'e mbak Em ki bedo karo makhluk liyane... ng njero atine mbak Sari, ono keraguan ge pingin koncoan barang sitik..
Nang ngendi wae di tut'i, pas nate turu yo di barengi.. 24/7 guys!!! pacarmu piye??!! ngono ra? :D
Yo arane biasa di barengi, ati luluh nuh... sopo seng ora coba, wong dapet perhatian lebih..
Tapi pas mbak Sari ki sadar, mbak Em ilang...

Nang endi?? mbuh ._____.
Pikire mbak Sari, mungkin iki salah satu hasil'e de'e nyuwon marang Gusti Pangeran...
Kalo kon kon iki podo ra ngerti sopo iku Gusti Pangeran, tak kandani rek, iku cara nyebut'e wong biyen ge nyebut Allah... mbahku gelek ndongeng nang aku ngge kata iku soale :D

Mbak Sari kadang tak takoni, "Mbak, sampean ngono iku sek kangen nang mbak Em??"
Jawabane rodo meragukan guys,... "Gak, biasa wae..." jare mbak Sari...
tapi raine ki ngomong kangen...
podo karo awakmu takok nang koncomu seng baru 2-3 bulanan di pegat karo bojo-ne (mbuh lapoan bocah saiki ngomong bojo, padahal ikrar urip bareng nyokong satu sama lain nang ngarep'e gusti Allah ae ugung...), "Co konco,.. kangen karo mantan??", di jawab "Ora,.." tapi raine njerit 「Iyoo brooo!!! Kangen aku!!!」. Bagiku,.. wajah'e mbak Sari pas iku kek ngono...

Wes yo bro... ngantuk aku .________. mene maneh cerito'e
nak aku gak males... = =
||'w')/ Suwon wes mampir!!